Saturday 22 September 2012

PIDATO SAMBUTAN


SAMBUTAN PADA ACARA KHITANAN

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarakatuh
Kula Nuwun !
       Katur bapak KH Taufiq ingkang kawula hormati, para alim ulama ingkang kula ta’ati, lan para undangan sekaliyan ingkang kawula hormati. Kaping sepindah mangga panjataken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun nyukani rahmat, taufiq lan hidayah dhumateng sederek sedaya. Hingga wekdal sakniki kula saged ngrawuhi ulemipun Ibu/Bp Udin ingkang sampun ngitanaken putranipun ingkang asma Dedi Wijaya. Mugi-mugi putra kang mantun dikhitan cepat saras, amin.
       Kula makili Ibu/Bp Udin kaping setunggal nyampaikaken matur kesuwun kang agem dhumateng para undangan sedaya, ingkang saged ngrawuhi ulemipun Ibu/Bp Udin. Kula atas nami shahibul hajjah mboten saged nyukani punapa-napa, mugi-mugi Allah maringi barokahipun para sederek sedaya.
       Kaping kalihipun Ibu/Bp Udin nyuwun pandonganipun sederek sedaya, mugi-mugi putra kang dikhitan dados putra kang sholeh, taat marang Allah SWT, bekti marang tiyang sepahipun kekalih.
      Kaping tiga Ibu/Bp Udin sekeluarga nyuwun gung e pangapunten mbok bilih wonten kekiranganipun pasugatan punika. Antawisipun panggenan, ingkang kirang cocok ing manah panjenengan sedaya.
     Ingkang pungkasan kula pribadi kang mewakili Ibu/Bp Udin mbok bilih wonten kekiranganipun, anggene kula nyampaikaken sambutan wau. Kula nyuwun gung e pangapunten.

Akhirulkalam, bilahit taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarakatuh

0 comments:

Post a Comment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | GreenGeeks Review