Jenis-Jenis Layang
Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.
Tuladha
layang iber –iber :
Kang pandonga marang anakku
Irawan, Ing Jakarta
Wiyose ngger,
sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan
sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun
rembug.
wasana
banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah
ginanjar slamet.
Parakan,
22 Nopember 2009
Bapak:
Suradi
2.Layang Kitir
Tuladha layang kitir :
Katur Mas
Bayu, ing dalem
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju
kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik
sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene
anggonku mbalekake mengko bengi.
Parakan, 22 Nopember 2009
Adhimu :
Sunaryo
3.Layang Ulem
layang ulem atawi undhangan inggih menika layang atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang
dipunulemi rawuh ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladha layang Ulem :
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi puji syukur dhumateng asmanipun Gusti kang Maha Agung. Kula angantu-antu
keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran supitipun anak
kula jaler kekalih.
Inggih
menika ingkang asma :
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Insyaallah
mbenjang
ing :
Dinten
: Minggu Wage [malem Jumuah
Legi]
Tanggal
: 10 Desember 2006
[20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul
: 09.00 enjang
Papan
: Gedung Mandiri Kecamatan
Parakan, temanggung
Wasana
awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4.Layang Lelayu
Tuladha Layang Lelayu :
Bilih kala
wau dalu dinten Jumat, 12 Januwari 2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi
ketimbalan ing Allah wonten ing Griya Sakit Umum Lumajang. Layon badhe
kasarekaken ing dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking
griya duhkita tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang.
Nuwun
3 comments:
makasih, kunjungi juga http://bisnukalaifa.blogspot.com/ dan saya juga mau tanya cara buat kursor seperti itu gimana? makasih sekali lagi.
Trimss infonya^^ kunjungi juga myilmukudot.blogspot.co.id
ya...
Post a Comment