Jenis-Jenis Layang
Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.
Tuladha
layang iber –iber :
Kang pandonga marang anakku
Irawan, Ing Jakarta
Wiyose
ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana
alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak
urun rembug.
wasana
banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah
ginanjar slamet.
Parakan,
22 Nopember 2009
Bapak:
Suradi
2.Layang Kitir
Tuladha layang
kitir :
Katur
Mas Bayu, ing dalem
Wiyose
mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku
nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi
lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene
anggonku mbalekake mengko bengi.
Parakan,
22 Nopember 2009
Adhimu
:
Sunaryo
3.Layang Ulem
layang ulem atawi undhangan inggih menika layang
atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan
wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladha layang Ulem :
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi puji syukur dhumateng asmanipun Gusti kang Maha Agung. Kula angantu-antu
keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran supitipun anak
kula jaler kekalih.
Inggih
menika ingkang asma :
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Insyaallah mbenjang
ing :
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006
[20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan,
temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula
matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4.Layang Lelayu
Tuladha Layang Lelayu :
Bilih kala wau dalu dinten Jumat, 12 Januwari
2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi ketimbalan ing Allah wonten ing Griya
Sakit Umum Lumajang. Layon badhe kasarekaken ing
dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking griya duhkita
tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang. Nuwun
1 comments:
Thanks
Post a Comment